Nama :
Faesal Imadudin
No. Absen : 06
Mapel : Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Konco-konco sekalian ingkang kula
tresnani.
Puja lan puji syukur kita panjatke marang
Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahe kengge kita
sekalian. Sahinggo kita saged makempal ing papan menika.
Matur nuwun kangge konco-konco seng mpun
hadir.
Sampun saka biyen sedekah bumi
dilaksanakake ing Jawa minangka sarana dedonga lan syukur marang Gusti Allah
SWT. Kejaba minangka sarana dedonga lan syukur, sedekah bumi bisa kanggo sarana
sosialisasi lan kerukukan tumrap masyarakat kabeh.
Jaman biyen sing arane sedekah bumi niku
enten teng setiap daerah ing pulau jawa. Ananging, saben daerah wektune bisa
beda-beda sanadyan tujuane padha. Biasane
teng acara sedekah bumi niku enten tumpeng
kaleh ayam panggang kangge sesembahan,
hidangan liyane kados sayur-sayuran,tempe oreg niku paling tambahan sanes sing
utama. Sakdherenge dinikmati sareng-sareng tumpeng/sesajie dibekto reng kantor
kelurahan kangge didongani sesepuh, neg sampun didongani nembe angsal dinikmati
sareng-sareng. Biasane para petani jaman
biyen nyisakke tumpeng/sesajie kangge diletakke teng pojok sawah nopo kebune.
Tujuane ben sawah/kebune
apik lan saged maringi rejeki
kangge para petani.
Tinapi
sakniki tradisi sedekah bumi ing tanah jawi mpun jarang ditemukke. Ing jaman
globalisasi kados sakniki masyarakat luwih milih tradisine bangsa barat,
tradisine dhewe malah ditinggalke. Masyarakat sakniki niku kados niku, mboten mikiri tradisi daerahe
dhewe.
Dhewe generasi muda haruse saged
nglestarikke tradisi ingkang mpun jarang. Ayo generasi muda bangsa lestarikke
tradisi/budaya jawa.
Cekap sementen hatur kula, mbok menawi
enten kalepatan-kalepatan kula nyuwun panngapunten segede-gedene. Matur nuwun
kangge perhatiane konco-konco sedoyo.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nama :
M. Wildan Akifin
Kelas : XI Bahasa
No. :
13
KEBUDAYAAN JAWA
SEKATEN
Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain
utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi
Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul
awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki
kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton
Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
Ing hari sapisan, upacara diwiwiti
ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami
diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu.
Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing
alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni
sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing
Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan
nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing dalu dinten
keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.
Grebeg Muludan
Acara pucuk Sekaten iku
ditandai Grebeg Muludan sing diwontenaken ing tanggal 12 (persis ing dinten
ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w.) wiwit jam 8:00 esuk. Dikawal kalih 10
macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh,
Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, dan Bugis,
setunggal Gunungan sing kadamel saking beras ketan, maeman dan buah-buahan
sarta sayur-sayuan sing dibeta saking istana Kemandungan nglewati Sitihinggil
lan Pagelaran nuju masjid Agung. saksampune didongani Gunungan sing nglambangke
kasejahteraan kerajaan Mataram iku dibagi neng masyarakat sing nganggep anggene
bagian saking Gunungan iku badhe betha berkah kangge tyangipun. Bagian Gunungan
yang dianggep sakral iku badhe dibetha wangsul lan ditandur ing sawah/ladang
supados sawahipun dados subur lan bebas saking bencana dan malapetaka.
Tumplak Wajik
Kalih dinten sakderengipun acara
Grebeg Muludan, satunggalipun upacara Tumplak Wajik diwontenaken ing halaman
istana Magangan jam 16:00 sonten. Upacarane nggih menika kotekan utawa
dolanan lagu ngagem kentongan, lumpang kangge numbuk pari, lan
enggalipun sing nandai wiwite saking pandamelan Gunungan sing badhe diarak
wonten ing acara Grebeg Muludan mangke. Lagu-lagu sing diunekke ing acara
Tumplak Wajik inggih meniku lagu Jawa populer kayata: Lompong Keli, Tundhung
Setan, Owal awil, utawa lagu-lagu rakyat sanesipun..
Nama : Galang Setianto
Kelas : XI BAHASA
Absen : 07
SEDEKAH BUMI
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkan kapisan, sumangga kita aturaken puja lan puji syukur dumateng gusti
ingkang maha agung, ingkang sampun maringi rahmat sarta hidayahipun saengga
kita sedaya saget makempal ing mriki
ngantos sehat wal afiat, amin...
Salajengipun sholawat sarta salam sumangga kita haturaken kangge Baginda
Nabi Muhammad SAW ingkang kita entosi syafaatnya ing kiamat kelak, amin..
Ing kasempatan menika kula badhe mbikak bab budaya jawi, yaiku Sedekah
Bumi.
Sedhekah Bumi punika
sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos
puji panuwun kagem Gusti
ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang ingkang
mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten
satunggaling désa.
Désa-désa ingkang biasanipun
ngawontenaken sedhekah bumi punika désa-désa wonten ing Kabupaten Pekalongan lan kabupaten liya.
Kabupatèn Pekalongan
punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten Jawi Tengah.
Wonten ubarampe ingkang kedah
dipunsiapaken kanggé bancaan, kadosta jajan pasar, pasung,
dumbeg,
tumpeng jajan pasar lan sanesipun. Saksampunipun siap, ubarampé punika
dipunbekta lan dipunkempalaken dados satunggal wonten panggénan ingkang
biasanipun dipun anggep panggènan ingkang dados cikal bakal désa punika.
Saksampunipun dipundongani ubarampé utawi bancaan ingkang kathah wau dados
rebutan warga désa ingkang wonten papan panggènan bancaan sedhekah bumi punika.
Tinapi sak niki kabudayan
menika kadosipun sampun ditilaraken ing daerah liyanipun, padahal kawiyatan
menika budaya jawa ingkang kudu dilestariken kanggge lare lan putu. Kita sedaya
generasi mudha kudu nglestantunaken kabudayan menika supados budaya lan
karakteripun wong jawi mboten ical karana era modern ingkang sampun ngrebut
budaya jawi lan neluraken budaya asing ingkang ideologinipun sampun benten
kaleh ideologinipun Indonesia khususipun Jawi Tengah.
Cekap sak menten
saking kula, menawi wonten kalepetan kula nyuwun agungipun samudra pangaksami.
Matur nuwun..
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
1 Comments
terima kasihh gengs. BW
ReplyDelete